Laire Arjuna
Ana ing sawijining dina Begawan Abyasa, Madrim, Puntadewa, Yamawidura, Kunti, lan Bima kumpul ing Kraton nunggu baline Prabu Pandu.
Dewi Kunthi : "Sakjane Prabu Pandu iki neng endi ? kok ora mulih-mulih"
Dewi Madrim : "Duka dewi, kulo nggih mboten sumerap"
Ora suwe dumadakan reko salah siji utusan saka Prabu Pandu kang anggawa warta ten Prabu Pandhu nembe wonten tugas ndereke Basudewa tindak ana ing tlatah Mandura.
Dewi Kunthi kang nembe mbobot tuwa banjur nglairake jabang bayine. Saka kelahiran iku bayi kang lagi wae mbrojol saka njero weteng Dewi Kunthi banjur digendong dening Bima sing ora liya kakang saka jabang bayi kuwi mau.
Abyasa : "Bima, awakmu lan adhimu kudu budhal menyang ing tlatah Mandura, aku sing bakal ngawal awakmu"
Bima " Nggih, Begawan"
Ana ing tlatah Mandura, Ugrasena sowan wonten Dewi Mahendra lan Dewi Badraini, piyambake sedaya pada nunggu kerawuhane Basudewa.
Ora suwe banjur Raja Basudewa dumugi kanthi dherekake dening Prabu Pandhu. Dewi Badraini kang nembe mbobot tuwa banjur nglairake jabang bayine kang ayu lan diparingi asma Subadra.
Basudewa :"Bima anakku, iku sopo seng mok gendong ?"
Bima :" Niki adhi kulo Prabu, putrane njenengan"
Basudewa :"Rene tak gendonge ajeng diwenehi jeneng sinten ?"
Bima :"Piye yen diwenehi jeneng Palguna?"
Basudewa :"Bocah iki tak jenengi Parmadi"
Bocah iki sak mangkih dadi ksatria kang bagus lan kuat. Kalebu ana ing babagan Pandawa Lima kanthi julukan terkenale Arjuna.
Ono ing papan kui sakmeniko wonten bayi loro gadhah asma Parmadi lan Subadra, banjur Basudewa mangku keloro bocah kuwi, Parmadi ana sisih tengen lan Subadra ana sisih kiwo Basudewa.
Bocah kuwi dijodohake kawit bayi cenger lan Basudewa sabdo yen sak keloro bocah iki sesok bakal anurunake keturunan kang dadi Raja.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar